Upgrading HMP-PBSJ & Komunitas 2024

Ing dina Jemuwah, 14 Juni 2024, kalaksanan adicara Upgrading kang dirawuhi dening kabeh fungsionaris Himpunan Mahasiswa Program Studi Pendhidikan Basa lan Sastra Jawa (HMP PBSJ) lan perwakilan paguyuban utawa komunitas saka PBSJ kayata Sanggar Bharada, Jawi Swara, lan SKI Jawa kanthi ngusung tema "Ngundhakake Kaprigelan, Kawasisan, lan Rasa Paseduluran Kadang PBSJ”. Adicara menika kalaksanan kanthi lancar wiwit tabuh 13.00 dumugi 18.00 ing Ruwang T8.10.09 Gedung T8 Fakultas Basa lan Seni Universitas Negeri Surabaya (UNESA).
Adicara menika dipunrawuhi dening Bapa Danang Wijoyanto, S.Pd., M.Pd. minangka Pembina Kemahasiswaan Program Studi Pendhidikan Basa lan Sastra Jawa Unesa. Ing ngisor iki rerangkening adicara sing wis ditindakake:
- Andharan materi organisasi dening BPH HMP PBSJ
- Materi surat menyurat lan alur persuratan
- Materi babagan anggaran lan manajemen
- Diskusi lan pitakonan lan jawaban utawa sesi Forum Grup Disscusion (FGD) babagan program kerja sing durung kalaksanan lan apa wae alangan karo solusine.
Adicara Upgrading menika gadhah ancas kangge nambahi kawruh saha katrampilan para Fungsionaris lan Komunitas PBSJ saha warga masarakat anggenipun nindakake garapan organisasi, mliginipun ing babagan damel karya tulis, konten video, saha ngatur administrasi organisasi.
Dipunajeng-ajeng sasampunipun acara upgrading menika para anggota fungsionaris HMP Pendhidhikan Basa lan Sastra Jawi saged ngemanpaataken kawruh lan katrampilan enggal ingkang dipunangsal saking kagiyatan upgrading kangge nginggahaken kwalitas dhiri lan organisasi, mujudaken kaprigelan, kawasisan, lan raos paseduluran kadhang PBSJ lebet saben aktivitas lan interaksi wonten lingkungan universitas, saha nglajengaken sengkuyung kolaborasi lan solidaritas lebeting nindakaken ayahan-ayahan kepengurusan kagem warsa menika.
Adicara dipungkasi tabuh 18.00 kanthi donga sesarengan lan tedhak sungging sedaya panyarta.
Pramila, laporan acara menika sampun dipuncawisaken kanthi saestu supados saged dipunginakaken kanthi sae.
Surabaya, 14 Juni 2024
Mangerteni,
Pembina Kemahasiswaan PBSJ
Danang Wijoyanto, S.Pd., M.Pd.
Ketua HMP PBSJ
Anis Ismawati