STUDI BANDING HMP PBSJ UNESA X HMP PBJ WIBAWA UNS 2025
STUDI BANDING inggih menika salah satunggaling jinis kegiatan sing wonten ing proker HMP-PBSJ. Adicara menika kalampahan ing dinten Senen, tanggal 14 Juli 2025, lumantar Online Zoom Meeting, kanthi tema “Tilik Sesrawungan Nyawiji ing Paseduluran". Adicara menika dipunadani kanthi tujuan ngrumaketaken pasedherekan antawisipun HMP PBSJ Unesa kaliyan HMP WIBAWA UNS. Adicara lumampah wiwit tabuh 13.00 lan dipunrawuhi dening fungsionaris HMP PBSJ, Fungsionaris HMP WIBAWA, Bapak Kaprodi PBSJ Unesa lan Bapak Kaprodi PBJ UNS, antawisipun Bapak Latif Nur Hasan, S.Pd., M.Pd., lan Bapak Budi Waluyo, S.S. M.Pd. Sajroning pelaksanaane, adicara lumampah kanthi tertib lan lancar, senadyan wonten sawetara kendala teknis ing babagan koordinasi antarpanitia, nanging kabutuhan acara saged kasumponi kanthi becik. Saking kegiyatan punika kapanggih bilih kekompakan lan semangat pasedherekan dados modal utama kang ndhukung suksesipun program kerja HMP PBSJ. Kegiatan ditutup kanthi acara dokumentasi lan damel konten vidio kolaborasi