Pilihan Pangarsa Paguyuban Pendhidhikan Basa lan Sastra Jawa 2025

Pilihan Pangarsa Paguyuban (PILGUB) Inggih menika salah satunggaling jinis kegiatan pemilihan umum kagem nemtokaken ketua organisasi kaliyan ketua komunitas. Adicara menika kalaksanan ing tanggal 5 lan 12 Desember 2024 kanthi tema “Pamilihan Pangarsa Paguyuban Minangka Sarana Pasinaon, Politik, lan Transparansi kanggo Mahasiswa”. Ing dinten kemis, 5 desember 2024 kalampahan kegiatan kampanye dening sedaya paslon paguyuban 2025 lan dirawuhi dening para dosen, alumni ketua paguyuban lan utusan saben kelas angkatan 2023 lan 2024 wonten auditorium t14. Adicara kampanye diwiwiti tabuh 13.00 dumugi 16.00. Lan ing dinten Kemis, 12 desember 2024 kalampahan coblosan kanthi offline di T8.01.08 lan dirawuhi dening sadaya mahasiswa aktip Prodi Pendidikan Basa lan Sastra Jawa ugi para dosen. Adicara menika wujud rangkeyaning kampanye saking pasangan calon ketua organisasi dan komunitas, dipunlajengaken kaliyan pemilihan umum kagem madosi suwanten paling kathah saking sadayaning mahasiswa aktif Prodi Pendidikan Basa lan Sastra Jawi. Pilgub menika gadhah tujuwan kagem madosi ketua organisasi lan komunitas Prodi Pendidikan Basa lan Sastra Jawi ingkang kompeten . Pramila, laporan acara menika sampun dicawisaken kanthi sawstu supados saged dipunginaaken kanthi sae.