MAPAG RIYAYA SKI JAWA 2025

Surabaya, 20 Maret 2025 – Anggenipun nyambut rawuhipun dinten Riyadi Idul Fitri, organisasi SKI Jawa malih ngayahi acara taunan Mapag Riyaya, Kagiyatan punika kagelar kanthi ancas nyepeng lan nyambut dinten kemenangan, saha ngiyataken paseduluran antawisipun mahasiswa, alumni, lan para Bapak/Ibu dosen. Adicara Mapag Riyaya 2025 punika kalampahan ing dinten Kemis, 20 Maret 2025, wonten Joglo FBS, miwiti tabuh 14.00 WIB dumugi rampung sholat maghrib, lajeng dipunlajengaken dhahar bebarengan. Kagiyatan punika dipunrawuhi déning mahasiswa angkatan 2024 lan 2023,para alumni, saha para Bapak/Ibu dosen ingkang dipunundang supados saged nyengkuyung meriahipun acara.
Kajawi minangka ajang paseduluran, acara punika ugi dipungayengaken kanthi macem-macem penampilan lan kolaborasi saking organisasi internal Program Studi Pêndhidhikan Basa lan Sastra Jawa. Kajawi SKI Jawa, acara punika ugi dipunkasembadan kaliyan Jawiswara lan Campursari Bharada, ingkang nyuguhaken seni lan kabudayan khas Jawa. Runtutan acara kapurwakan kanthi sholawat Banjari, lajeng dipunlajengaken edukasi saking sponsor, sarta penampilan Campursari. Salah satunggaling acara ingkang narik kawigaten inggih punika bedah kakawin ingkang dipunlestantunaken déning rencang-rencang Jawiswara. Pungkasanipun, acara dipuntutup kaliyan penampilan istimewa saking Campursari Bharada, sadèrèngipun para rawuh sami nglampahi dhahar bebarengan.
Mugi-mugi kanthi kapingkaline acara Mapag Riyaya 2025 punika, saged dados papan paseduluran ingkang saya nglantaraken rerembagan antawisipun mahasiswa, alumni, saha para dosen, tuwin saged nglestantunaken nilai-nilai kabudayan lan kaislaman ing lingkungan akademik.