Mapag Riyaya 2026 : Sumringahing Ati, Mapag Dina Fitri
Surabaya, 9 Maret 2026 – Anggenipun nyambut rawuhipun dinten Riyadi Idul Fitri 1447 H, Paguyuban SKI Jawa nglaksanakaken malih kagiyatan taunan inggih menika Mapag Riyaya. Kagiyatan punika kagelar kanthi ancas nyiapaken manah lan ngiyataken paseduluran antawisipun mahasiswa, alumni, saha para Bapak/Ibu dosen ing lingkungan Program Studi Pêndhidhikan Basa lan Sastra Jawa.
Adicara Mapag Riyaya 2026 kalampahan ing dinten Senin Kliwon, 9 Maret 2026, papanipun wonten Joglo FBS UNESA, miwiti tabuh 15.30 WIB dumugi rampung, saha dipunlajengaken kaliyan buka pasa bebarengan (bukber). Kagiyatan punika dipunrawuhi dening mahasiswa aktif, para alumni, saha Bapak/Ibu dosen ingkang dipunundang supados saged nyengkuyung lampahipun acara.
Kajawi dados ajang paseduluran, acara punika ugi dipunisi kanthi maneka warna pasugatan ingkang magepokan kalihan nilai religi lan kabudayan Jawa. Rantaman adicara dipunwiwiti kanthi pasugatan Al Banjari, dipunlajengaken Qira’ah, Campur Santri saking Paguyuban Bharada, saha Geguritan lan Macapatan saking Paguyuban Jawiswara ingkang nggambaraken kaendahan sastra Jawa. Pasugatan punika ugi dados wujud kolaborasi antawisipun paguyuban internal Program Studi Pêndhidhikan Basa lan Sastra Jawa ingkang nyengkuyung ngrembakanipun seni lan kabudayan Jawa ing lingkungan akademik.
Kajawi punika, ugi wonten tausiyah ingkang dipunandharaken dening M. Faiz Chishomuddin, mahasiswa berprestasi saking Fakultas Psikologi, ingkang maringi pitedah lan pangeling supados para rawuh saged nyiapaken manah kanthi langkung becik ing ngadhepi dinten Idul Fitri, nanging ugi paring motivasi dhumateng para mahasiswa supados tansah semangat anggenipun nuntut ngelmu. Pitedah ngrembakaken lan nggunakaken akhlakul karimah, nuwuhaken semangat sinau tumrap generasi enom, saha nggunakake media sosial kanthi wicaksana kan migunani.
Pungkasaning acara dipunlajengaken kalihan buka pasa bebarengan, ingkang dados wekdal kangge ngraketaken paseduluran lan silaturahmi antawisipun mahasiswa, alumni, saha para dosen. Lumantar kagiyatan Mapag Riyaya 2026 punika, dipunajab saged nambah rasa guyub, nguwataken nilai spiritual, saha ngeluri budaya Jawa ing lingkungan akademik.