LKMM-PRA DHASAR PBSJ 2024

lkmm-pra dhasar pbsj 2024 hmp pendidikan basa lan sastra jawi sampun nindakaken kagiatan pkkmb prodi ingkang dipunwastani lkmm-pra dhasar, kegiatan kasebat nduweni tema “mujudake tindhak widura bawa lan wewangi” kanthi tujuwan saged mujudaken kepitayan kaliyan wicaksana ugi bisa ngarumaken asma pbsj. Kagiyatan LKMM Pra-dhasar inggih menika jinis kegiatan pembinaan lan pengembangan karakter ingkang dipunwontenaken kagem nyambut manyar utawi mahasiswa enggal prodi pendidikan basa lan sastra jawi. kegiatan lkmm-pra dhasar nduweni rangkean-rengkean kados cangkruk sareng lan pepanggihan sesarengan ingkang dipuntindakaken ing tanggal 30 agustus 2024, tujuwanipun kagem nepangaken prodi Pendidikan Basa lan Sastra Jawi wiwit saking mahasiswanipun ngantos saking tenaga pendidikipun . Lajeng pucuking adicara dipunlampahaken ing tanggal 7 september lan 8 september 2024 kanthi offline, lampahan adicara inti muktiwibawa 2024. Ing pucuking acara muktiwibawa 2024 dipunlampahaken kaliyan pemateri, pemaparan materi ingkang dipunlampahaken dening para alumni, bapak/ibu dosen, lan perwakilan saben komunitas ingkang wonten lebeting naungan hmppbsj. pemaparan materi kasebat nduweni tujuwan kagem nepangaken dhateng mahasiswa enggal bab PBSJ, menehi sangu kawruh lan pengalaman enggal lebeting bidang literasi, seni, lan pendidikan karakter, ugi nambah khasanah kawruh mahasiswa bab pokok-pokok bidang cangkupan lebet prodi Pendidikan Basa lan Sastra Jawi. Acara kasebat lumampah kanthi lancar lan nambah rekatipun pasedherekan antawis para peserta lan panitia.