UPGRADING HMP PBSJ FBS UNESA 2025
UPGRADING inggih menika salah satunggaling jinis kegiatan sing wonten ing proker HMP-PBSJ. Adicara menika ing dinten Senin, tanggal 30 Juni 2025, ing ruang T8.01.08, kanthi tema “Ngluhuraké Katrampilan, Kawruh, lan Rasa Kamanungsan ing Antarane Mahasiswa Lumantar Pasamuwan Kadang PBSJ”. Adicara menika dipunadani kanthi tujuan ngiyataké komunikasi antawisipun fungsionaris HMP PBSJ lan komunitas, nambah kinerja organisasi, ningkataké rasa tanggung jawab lan toleransi, sarta dados forum diskusi tumrap ide lan solusi program kerja. Adicara lumampah wiwit jam 13.00 lan dipunrawuhi dening fungsionaris HMP PBSJ, wakil komunitas, Pk kelas lan para dosen pembina, ing antawisipun Bapak Latif Nur Hasan, S.Pd., M.Pd., lan Bapak Danang Wijoyanto, S.Pd., M.Pd.
Sajeroning pelaksanaane, adicara lumampah kanthi tertib lan lancar, senadyan wonten sawetawis kendala teknis ing koordinasi panitia, nanging boten ngganggu lumampah e acara. Saking kegiyatan punika kapanggih bilih kekompakan lan semangat kekancan dados modal utama kang nyengkuyung suksesipun program kerja HMP PBSJ.