PAMILIHAN PANGARSA PAGUYUBAN [PILGUB] 2026
PAMILIHAN PANGARSA PAGUYUBAN [PILGUB] 2026
Inggih menika salah satunggaling jinis kegiyatan ingkang wonten ing salebetipun proker HMP-PBSJ. Adicara menika kalampahan dinten kalih dinten. Ingkang dinten kaping setunggal sampun kalampahan kampanye ing tanggal 15 Desember 2025 lumantar dare, dipunlajengaken adicara coblosan pangarsa paguyuban tanggal 18 Desember 2025, panggenanipun wonten Joglo FBS tabuh kaping 09.00 ngantos tabuh kaping 17.00. Adicara Pilgub taun samenika, eneripun kanthi tema “Nuwuhake Watak Dhemokratif, Kritis, Solutif, lan Inovatif Lumantar Pilihan Pangarsa Paguyuban”. Pangajabipun adicara PILGUB menika supados saged nuwuhaken pangarsa engal ingkang saged mandhegani lelampahan paguyuban périodhe 2026/2027 ingkang tanggel jawab ugi saged mandhegani paguyuban kanthi tumemen.